TRIBUNSTYLE.COM - Berikut di bawah ini disajikan soal tugas wulangan 3 Bahasa Jawa Kelas 11 SMA halaman 67 Kurikulum Merdeka dan kunci jawabannya.
Kunci jawaban disajikan agar siswa lebih mudah dalam belajar dan mengevaluasi hasil belajarnya di sekolah.
Tak ketinggalan, siswa juga diberikan link download buku paket yangmemuat materi Bahasa Jawa Kelas 11.
Seluruh soal ini dilengkapi dengan kunci jawaban sebagai panduan belajar.
Cocok untuk dijadikan pembelajaran untuk mempersiapkan diri menghadapi soal-soal ulangan/ujian semester 1.
Maka dari itu pastikan untuk mempelajari seluruh soal dengan seksama.
Soal terdiri dari soal pilihan ganda dan essay pada wulangan 3 Nggegulang Weharing Rasa.
GLADHEN WULANGAN 3
I. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x) ing wangsulan kang bener!
1. Kang ora kalebu dasanamane tembung Pranatacara yaiku ....
a. panata adicara
b. pambagyaharja
c. panata acara
d. panambiwara
e. pewara
Jawaban : B
2. Jejibahane pranatacara iku kang paling abot yaiku nalika ....
a. mbukak adicara
b. nutup adicara
c. nata lan nulis rantamane adicara
d. nata lakune adicara
e. nutup adicara
Jawaban : C
3. ”Para pepundhen para pinisepuh ingkang dahat kinabektern”. Ukara iki kalebu
perangan ....
a. salam pambuka
b. atur pangayubagya
c. atur pakurmatan
d. atur puji syukur
e. tetepungan
Jawaban : C
4. Bedane teks pranatacara karo pamedharsabda, bisa dititeni ing perangan ....
a. pambuka
b. rantaman adicara
c. isi
d. panutup
e. papan lungguhe
Jawaban : B
5. Jinise teks pamedhar sabda iku akeh banget. Pamedhar sabda kang ngemu wigati
nampa rawuhe tamu diarani ....
a. atur pangayubagya
b. atur panampi
c. atur wilujeng
d. atur pasrah
e. atur pakurmatan.
Jawaban : B
6. ”Puput pepuntoning adicara, wus dumugi paripurnaning gati.” Ukara iki mathuke digunakake ing perangan ….
a. pambuka
b. atur pakurmatan
c. isi
d. rantaman adicara
e. atur panutup
Jawaban : E
7. Kang wenang medharake atur pasrah penganten kakung ing adicara temu manten ....
a. pranatacara
b. sulih kang hamangku gati
c. pamedhar sabda pambagya
d. sulih kadang besan
e. wakil tuan rumah
Jawaban : A
8. Salah sijine syarat dadi pranatacara kang gamben yaiku kudu gladhen olah swara ing antarane kudu wasis ing babagan wirama wedharing ukara. Wirama wedharing ukara iku padha karo….
a. artikulasi
b. intonasi
c. lafal
d. vokal
e. wirama gendhing
Jawaban : B
9. Kang ora kalebu syarate dadi pranatacara kang gamben yaiku ....
a. wasis ing olah basa lan sastra
b. sugih ing kawruh
c. besus ing busana
d. tansah ngugemi subasita
e. nuhoni trah utama
Jawaban : E
10. Panatacara lan pamedhar sabda dipunwastani renggeping wicara, menawi ….
a. Wiwit saking pamilihing tembung saha dhapukaning ukara, runtuting pangandikan, panjang lan cekakipun wedharan tuwin isining wedharan, trep lan jumbuh kaliyan swasana.
b. Wiwit saking pamilihing tembung saha dhapukaning ukara, runtuting pangandikan, panjang lan cekakipun wedharan tuwin isining wedharan, trep kaliyan kersanipun ingkang kagungan kersa.
c. Wiwit saking pamilihing tembung saha dhapukaning ukara, runtuting pangandikan, panjang lan cekakipun wedharan tuwin isining wedharan, jumbuh kaliyan isining wedharan.
d. Wiwit saking pamilihing tembung saha dhapukaning ukara, runtuting pangandikan, panjang lan cekakipun wedharan tuwin isining wedharan, trep lan jumbuh kaliyan reroncening adicara.
e. Wiwit saking pamilahipun tembung saka dhapukaning tembung, rututning pangandikan jumbuh kaliyan ingkang dipunwedharaken.
Jawaban : D
11. Panatacara lan pamedharsabda menika ing salebeting pasamuan dados punjering
kawigatosan, kepara mujudaken pasugatan tumprap para tamu, pramila kedah ….
a. bagus utawi ayu ing rupa
b. gandhes luwes merak ati
c. ngudi murih kados artis ing panggung
d. ngudi murih saged renggeping wicara
e. ngudi murih saged ngemesaken
Jawaban : D
12. Wonten saweneh panatacara tuwin pamedhar sabda, ingkang wedharing
pangandikanipun karaosaken tanpa jiwa tanpa raos. Pramila inggih lajeng ….
a. kapireng ampang tanpa bobot
b. boten angsal tanggapan
c. bayaranipun mirah
d. boten diremeni tiyang
e. boten saged wicanten
Jawaban : A
13. Bakuning ayahan panatacara, minangka sopir/ kusir ing pasamuan. Tegesipun ….
a. Wonten upacara menika kathah paraga ingkang hanyengkuyung minangka
penumpang.
b. Upacara saged lumampah kanthi rancak menapa boten, komandhonipun
wonten panatacara.
c. Wonten upacara menika panata cara angasta titihan ing pasamuan.
d. Wonten upacara menika, panatacara dados sopir/kusir kendharaan.
e. Kathah paraga ingkang hanyengkuyung panatacara dados sopir/kusir.
Jawaban : B
14. Kejawi unggah-ungguh basa, panatacara lan pamedharsabda ugi kedah nguwaosi
kawruh bab sastra Jawi, kadosta ingkang gayutan kaliyan: purwakanthi, wangsalan,
bebasan lsp. Murih ….
a. kathah engkang nanggap
c. bayaranipun mindhak
d. kapireng mboten sekeca
e. saya endah edining basa
Jawaban : E
15. Menawi wekdalipun sampun kasep saking rantaman, panatacara utawi
pamedharsabda tamtu badhe matur kanthi ….
a. seru lan cetha
b. ngambra-ambra
c. ngelantur
d. lumintu
e. cekak aos
Jawaban : E
II. Wangsulana pitaken-pitaken wonten ngandhap menika!
1. Menapa mawon jejibahan ingkang kedah dipun ayahi dening panatacara?
Jawaban :
Panatacara kedah ngatur lan nuntun lumakune adicara supaya tertib lan lancar. Jejibahanipun kalebu mbukak adicara, nata lakune adicara miturut rantaman, ngatur tembung pangandikan para tamu undangan, lan nutup adicara kanthi apik.
2. Panatacara lan pamedharsabda kedah ngudi murih saged renggeping wicara. Menapa jalaranipun?
Jawaban :
Jalaranipun, supaya pangandikan kang dipun atur saged dipun pandeng tiyang kathah kanthi cetha, runtut, lan trep kaliyan swasana adicara. Renggeping wicara inggih punika kang ndadekake adicara saged lumampah kanthi lancar lan ngrengkuh pirsawan.
3. Menapa paedahipun remen maos buku-buku kapustakan tumrapipun panatacara lan pamedhar sabda?
Jawaban :
Kanthi remen maos buku-buku kapustakan, panatacara lan pamedhar sabda saged nambah kawruh babagan unggah-ungguh basa, pepak basa, lan referensi babagan basa lan budaya Jawi, saha purwakanthi kang dipun perlunaken nalika medhar sabda.
4. Kados pundi patrapipun sarira tumrap panatacara lan pamedhar sabda nalika ngayahi jejibahan?
Jawaban :
Panatacara lan pamedhar sabda kedah teguh ing patrap, empan papan, lan nggadhahi adab kang luhur. Patrapipun kedah santun, tenang, lan percaya diri, nanging tetep sopan lan ajeg miturut pakem budaya kang lumaku.
5. Panatacara lan pamedhar sabda kedah saged micara kanthi tata, tatas, tetes, lan titis. Jlentrehaken!
Jawaban :
- Tata tegesipun runtut lan cetha dalam tata basa lan struktur pengucapan.
- Tatas tegesipun jelas lan ora ngambang.
- Tetes tegesipun padat lan tepat, ora mboten perlu diuleg-uleg.
- Titis tegesipun pas lan trep kaliyan situasi lan kondisine, sarta ora nyimpang saking maksud adicara.
Link download buku Bahasa Jawa Kelas 11 di sini